Jumat, 20 Februari 2015

SESORAH BASA JAWA

Sesorah utawa pidhato utawa tanggap wacana yakuwi njlentrehake idhe utawa pokok pikiran kanthi wujud tembung- tembung kang diucapake marang wong akeh. Tujuan lan isi tanggap wacana utawa pidhato iku werna- werna, ana kang tujuane kanggo menehi hiburan, menehi informasi, utawa ajak- ajak marang kang rungokake supaya nindaki apa kang dikarepake pemicara.

CONTOH SESORAH DINTEN KAMARDIKAN:

Assalamu’alaikum wr. wb.

Bapak Kepala Sekolah ingkang kawula hormati.
Bapak saha Ibu guru ingkang dahat kinurmatan.
Saha para kanca ingkang bagya mulya.

Langkung rumiyin, sumangga kita ngaturaken puji syukur dumateng ngarsanipun Allah SWT. ingkang sampun paring barakah, rahmat, saha nikmat dhateng kita, satemah saged kempal wonten ing papan punika, kanthi karaharjan, katentreman, kabagyan lan kabagaswarasan.

Para rawuh ingkang kula kurmati, Kanikmatan kamardikan punika mboten saged kita raosaken menawi tanpa peparing kemirahanipun Allah SWT. Langkung-langkung ingkang sampun sepuh punika saged ngraosaken kados punapa gesang dipunjajah bangsa sanes. Para mudha mboten saged ngraosaken, nanging saged sinau saking sejarah, bab kawontenanipun bangsa kita nalika kajajah bangsa manca.

Kamardikan punika kedah kita upadi kanthi sarana perjuangan para pahlawan kamardikan ingkang mboten wilangan. Pramila, sumangga kita ngunjukaken pandonga dhumateng Allah SWT. mugi-mugi arwahipun para pahlawan kamardikan pikantuk piwales saha katampi wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT. Kita ugi kedah nedahaken raos syukur kita dhumateng Allah SWT. ingkang sampun paring kanugrahan arupi kamardikaning negara kita.

Kita bangsa Indonesia, kedah njagi lan ngisi kamardikaning bangsa kanthi bab ingkang sae, saged migunani dhumateng bangsa kita. Mugi-mugi menapa ingkang sampun kula aturaken saged dados pepenget kita supados njagi lan ngisi kamardikan kanthi bab ingkang sae.

Para rawuh ingkang minulya, mekaten atur kawula wonten ing pengetan Dinten Kamardikan Indonesia kaping-70. Sedaya kalepatan, kula nuwun pangapunten.


Matur Nuwun, Wassalamu’alaikum wr. wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar