Sesorah utawa pidhato
utawa tanggap wacana yakuwi njlentrehake idhe utawa pokok pikiran kanthi wujud
tembung- tembung kang diucapake marang wong akeh. Tujuan lan isi tanggap wacana
utawa pidhato iku werna- werna, ana kang tujuane kanggo menehi hiburan, menehi
informasi, utawa ajak- ajak marang kang rungokake supaya nindaki apa kang
dikarepake pemicara.
CONTOH SESORAH DINTEN KAMARDIKAN:
Assalamu’alaikum wr.
wb.
Bapak Kepala Sekolah ingkang kawula hormati.
Bapak saha Ibu guru ingkang dahat kinurmatan.
Saha para kanca ingkang bagya mulya.
Langkung
rumiyin, sumangga kita ngaturaken puji syukur dumateng ngarsanipun Allah SWT.
ingkang sampun paring barakah, rahmat, saha nikmat dhateng kita, satemah saged
kempal wonten ing papan punika, kanthi karaharjan, katentreman, kabagyan lan
kabagaswarasan.
Para
rawuh ingkang kula kurmati, Kanikmatan kamardikan punika mboten saged kita
raosaken menawi tanpa peparing kemirahanipun Allah SWT. Langkung-langkung
ingkang sampun sepuh punika saged ngraosaken kados punapa gesang dipunjajah
bangsa sanes. Para mudha mboten saged ngraosaken, nanging saged sinau saking
sejarah, bab kawontenanipun bangsa kita nalika kajajah bangsa manca.
Kamardikan
punika kedah kita upadi kanthi sarana perjuangan para pahlawan kamardikan
ingkang mboten wilangan. Pramila, sumangga kita ngunjukaken pandonga dhumateng
Allah SWT. mugi-mugi arwahipun para pahlawan kamardikan pikantuk piwales saha
katampi wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT. Kita ugi kedah nedahaken raos
syukur kita dhumateng Allah SWT. ingkang sampun paring kanugrahan arupi
kamardikaning negara kita.
Kita
bangsa Indonesia, kedah njagi lan ngisi kamardikaning bangsa kanthi bab ingkang
sae, saged migunani dhumateng bangsa kita. Mugi-mugi menapa ingkang sampun kula
aturaken saged dados pepenget kita supados njagi lan ngisi kamardikan kanthi
bab ingkang sae.
Para
rawuh ingkang minulya, mekaten atur kawula wonten ing pengetan Dinten
Kamardikan Indonesia kaping-70. Sedaya kalepatan, kula nuwun pangapunten.
Matur
Nuwun, Wassalamu’alaikum wr. wb.